Di Tilang Polisi

       Toni iku batir karibe Alif. Bocah loro kuwe sekolah ana ning SMP Altavia, tepate ning kelas 8 H. Bocah loro kuwe njagong bareng kawit kelas 7 nganti kelas 8, sebab bocah loro kuwe wis 2 tahun sekelas.
Sawijining dina ana ning Dina Minggu Toni, Alif, lan batir sekelase kelas 8 H wis sepakat pada arep latian renang ning Owabong, sebab arep ana penilaian sing dilaksanakna dina Rebo, Bocah-bocah kuwe wis padha sepakat kumpul jam  8.30 esuk. Toni karo Alif wis janjian arep mangkat bareng numpak pit maring Owabong. Jarake umaheh Toni 3 km maring Owabong, sing arep nyamper Alif maring nggone Toni. Toni karo Alif arep mangkat jam 8 esuk.
Esuk-esuk Dina Minggu Toni wis siap-siap, si Toni wis adus, wis nganggo klambi, wis maem, lan wis sisiran nganti mlitis. Sauwise siap kabeh Toni banjur metu ngumah kambi ngenteni Alif, Toni metu ngumah jam 8 esuk. Tapi sing dienten-enteni ora teka-teka, nganti jam setengah sanga Alif urung bae teka, nganti Toni bosen.  Akhire Toni njimot HP arep nelpon Alif, tapi sing ditelepon malah ora diangkat-angkat
“Kie si Alif maring ngendi sih wis jam setengah sanga urung bae teka wis di telepon ora diangkat, kie batir-batire mesti wis pada butul malah wis ana sing renang ndean”  omonge Toni sing lagi ngomong dewek. Ora suwe batire Toni telepon, sing telepon yaiku Hafizh, batir sekelase Toni lan Alif. “Kueh mbok batire wis telepon” omonge Toni sing ngomong dewek maning. Terus Toni banjur njawab telephone si Hafizh
“Assalamu’alaikum Ton”
“Wa’alikum salam Fizh”
“Kowe karo Alif lagi ngapa deneng urung butul ngene?”
“Fizh, ngapurane ya aku lagi ngenteni Alif, jere bocaeh arep nyamper aku tapi bocaeh urung ngene.”
“Oh ya ora papa”
“Fizh batire wis pada mangkat kabeh, wis ana sing renang apa urung?”
“Iya wis pada mangkat kabeh, gari kowe karo Alif tok sing urung mangkat, batir-batire wis pada renang, tapi aku urung renang sebab lagi ngenteni kowe karo Alif, tapi angger nganti jam 9 kowe urung maring ngene ya aku melu renang karo batire”.
“Iya sabar mengko sedela maning aku maring ngono ikih”
“Iya dimadan cepet ya Ton!”
“Iya, wis disit ya Fizh Assalamu’alaikum.
“Wa’alikum salam.”
Toni banjur nutup telepon. “ya ampun Alif kie wis jam sanga koh urung bae teka, lagi maring ngendi sih ko Lif? Hah wis jam sanga, pasti Hafish wis renang disit” omonge Toni sing ngomong dewek maning. Ora suwe Pak Wanto liwat, Pak Wanto yaiku tanggane Toni. Tapi Toni Ora ngerti ana Pak Wanto sing lagi mriksani Toni, Pak Wanto kebingungen mriksani Toni ngomong dewek.
“Toni kowe sih lagi kepiwe deneng ngomong dewek kaya bocah ora waras?” takone Pak Wanto.
“Eh wonten Pak Wanto, kulo niki loh pak saweg ngentosi Alif, kanca kulo , awit jam wolu dumugi sakmeniko mboten mriki-mriki, sebab kulo kesuh lan bosen dados kulo sanjang piyambek”. semaure Toni sing lagi kisinan.
“Arep ngendi sih Ton?” takone pak Wanto.
“Kulo kaliyan Alif badhe kesah Owabong, badhe latian renang”. semaure Toni
“oh kaya kuwe ya wis aku lunga disit ya Ton!” ngendikane Pak Wanto.
“Nggih Pak monggo ngatos-atos nggih”. semaure Toni
“Iya Ton”. Ngendikane Pak Wanto.
Ora suwe Alif teka , bocaeh numpak pit gencang lan kaya bocah keselen, keringete nganti nelesi klambine Alif, Toni sing weruh Alif mbeke mangkat langsung ngomeih Alif.
“Lif kowe tes maring ngendi sih, wis dienteni ora teka-teka, kie wis jam pira?  Batire lagi pada ngenteni, malah wis ana sing renang, nah terus HP-ne kowe kepiwe wis di telepon ora diangkat-angkat maning”.
“Ton sabar ya, angger kowe ngomong terus kapan aku teyeng semaure, ngapurane aku tes ngrewangi ibuku dagang ning pasar, melasi laka sing ngrewangi, dasare sing becer akeh. Nah HP-ku keri ning ngumah, aku kelalen ora nggawa HP”. Semaure Alif
“Ya wis lah daripada kesuwen ayuh cepetan mangkat, wis awan kieh”.
“Ya ayuh.”
Toni banjur ngetokna sepeda motore ibune Toni, si Toni manasi motore sedela.
“Ton arep numpak motor sih?”
“Ayuh lah cepetan wis awan angger numpak motor lewih cepet butule, aku wis takon ibune aku ikih, ayuh cepetan mbonceng”. Takone Toni maring Alif
“Ton angger ana polisi kepiwe jajal, kowe mbok urung duwe SIM, KTP, lan STNK mengko angger di tilang kepiwe, numpak pit bae yuh lah”. Semaure Alif.
“Wis lah Lif cepetan ayuh cepet numpak, angger numpak pit kudune mangkate  mau jam 8, kie wis jam 9 lewih”. Semaure Toni sing lagi ngomeih Alif.
Daripada Toni tambah kesuh karo  tambah awan, akhire Alif nyetujuni “ Ya wis lah ayuh Ton”.
Alif banjur mbonceng Toni, Toni banjur ngaweh helm marang Alif, terus Alif ngenggo. Toni karo Alif akhire mangkat, Toni nggawa motore banter banget.
Butule perempatan pas lampune abang dadi Toni mandeg, Alif weruh ana polisi ning sebrang dalan sing lagi mriksani kelengkapan surat, tapi Toni ora weruh.
“Ton kaeh ana ibu polwan lagi mriksani kelengkapan surat, angger jalan bae mesti dewek kena tilang”. Omonge Alif.
“Alah ora usah nglombo Lif, aku ya ngerti kowe lagi kesuh maring aku”. Omonge Toni madan tersinggung
“Ton ora ngandel temen sih ko kaeh ana ning kana, ayuh cepetan puter balik mumpung Ibu Polwan urung mriksani dewek” omonge Alif sing lagi ngecung salah siji ibu Polwan.
“Eh iya jere Lif” omonge Toni.
Akhire Toni muter balik tapi Toni karo Alif lagi olih sial, jebule ning mburi motore Toni wis ana Ibu Polwan sing wis ngerti Toni bakal muter balik lan wis siap-siap nyegat bocah loro kuwi, deg atine Toni langsung maras.  
“Arep ngendi kowe pada bocah, arep lunga yah?” takone ibu Polwan
“ehhhh wonten Ibu Polwan kulo mmmboteeen bu badhe kesssah mmmboten Bu” jawabe Toni sing lagi kemarasen nganti swarane ndeledek.
“Ya wis ayuh melu aku kowe arep tek priksa”. Ngendikane ibu polwan.
Akhire Toni karo Alif melu Bu Polwan. Bocah loro kuwi di interogasi dening Ibu Polwan.
“Sapa jenengmu dik?” takone Ibu Polwan maring Toni lan Alif.
“Nami kulo Toni bu, niki Alif kanca kulo”. Jawabe Toni madan ndledek.
“Ya, Toni ibu olih ngilih SIM, KTP, lan STNK-ne kowe !” prentahe Ibu Polwan.
“Ngapuntene bu, dompet kulo kantun teng griyo”. semaure Toni karo suara ndledek.
Terus Alif nyaut “Mboten bu, Toni niku dereng gadeh STNK, KTP, lan SIM, oh ya Bu terus kulo kalih Toni badhe kesah Owabong, badhe latian renang Bu kalih kanca-kanca sekelas, Ibu nderek mboten?”. Alif sing bocaeh jujur tapi kelewatan lagi kumat, penyakite lagi kambuh yaiku penyakit cemplang-cemplong.
“Lif kowe sih kepiwe aja ngomong mengko dewek kena tilang”. Omonge Toni lirih banget marang Alif.
“Oh iya maaf Ton keceplosan” semaure Alif kambi nutupi thutuke.
“Lah kowe tah kebiasaan lagi darurat malah keceplosan”. Omonge Toni marang Alif lirih tapi kambi kesuh.
“Oh dadi kowe nglomboni yah? Nah terus lagi pada cerita apa?” takone Ibu Polwan.
“Nuwun sewu Bu kulo ampun di tilang nggih!” semaure Toni.
“Kowe tetep ditilang, Toni kowe esih cilik, tap iwis pinter nglomboni”. ngendikane Ibu Polwan.
“Bu niki wonten arto Rp 50000 ngge Ibu, tapi kulo ampun ditilang nggih Bu!” Semaure Toni marang Ibu Polwan.
“Oh kowe arep nyuap polisi? Cilik-cilik wis pada teyeng nyuap yah? Angger gede arep pada dadi apa? Kowe arep latian dadi koruptor apa? Ora bisa peraturan tetep peraturan kowe tetep ditilang” ngendikane ibu Polwan.
“Bu polwan kulo nyuwun ngapura nggih bu, plis Bu”. Omonge Toni
“Iya wis kowe tek ngapurani”. Ngendikane Ibu Polwan.
“Matur nuwun Bu, kulo badhe kesah riin nggih kanca-kanca kulo sampun padha ngentosi kulo kalian Alif, kulo kaliyan Alif sampun telat niki Bu sampun awan, sampun panas, mengkin nggih Bu kulo kaliyan Alif angger renang sampun awan mesti Bu kulite kulo kaliyan Alif dados panuen, trus kulite dados ireng, trus gatel-gatel, trus dadi budug. Angger kulite kulo kados niku, mesti sampun mboten kaya lare sehat malih, dados kaya lare penyakiten. Nopo Ibu mboten melas marang kulo kaliyan Alif angger kulite dados rusak? ”. semaure Toni sing kaya lagi curhat marang Ibu Polwan
“Iya sih aku ya melas maring kowe bocah loro angger renang awan-awan, anakku kaeh sing mbarep pernah panuen gara-gara renang awan-awan, melasi kukur-kukur saben wengi gara-gara panuen, trus turune ora lali, akhire ning sekolahan olih dadi ngantuk” Ngendikane Ibu Polwan.
“Ya sampun Bu kulo badhe renang riin nggih?” takone Toni
“Tapi tetep ora bisa, kowe wis dingapurani gara-gara nyogok, tapi kowe wis nglanggar aturan, aturan tetep aturan ora bisa di langgar, kowe bocah loro melu aku maring Polsek”. Ngendikane Ibu Polwan
“Hah ditilang Bu” semaure Toni karo Alif bareng.
“Iya, ayuh cepetan”. Ngendikane Ibu Polwan
            Akhire Toni karo Alif di tilang bocah loro kuwi digawa maring Polsek dening Ibu Polwan sing nilang Toni. Motore Toni ora olih digawa bali, kecuali Bapak/Ibune Toni sing njikot, bocah loro kuwi ditahan ning polsek nganti ibu lan Bapake pada teka.

Akhire rencana latian renang karo batir-batir sekelase sida, tapi Toni karo Alif ora bisa melu, sebab bocah loro kuwi ditahan ning polsek. Batire Toni karo Alif lagi padha seneng-seneng tapi toni karo Alif lagi padha sengsara gara-gara ditahan ning polsek.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ngomong-Ngomong Pendidikan

BPJS Pailit ?